Tanggal 4 Nopember 2010 isuk, entuk winih nila tuku saka Balai Benih Sedah, ukuran 2 sampek 3 senti meter cacah kurang luwih sewu iji (tekan ngomah mati enem iji) kanthi rega satus ewu rupiah. Tekan ngomah winih nila isih bareng karo kantong plastike dicemplungne blumbang kanthi pangajab
suhu banyu ing kantong plastik supaya padha karo
suhu banyu blumbang, dadi winih nila ora kaget banjur nggreges. Udakara setengah jam kantong plastik dibedhah srana digunting peres banyu blumbang lan dijarne winih nila metu dewe pindhah menyang blumbang.
Awane tuku pakan nila,
1 kg FF 999 rega sewelas ewu rupiah lan ukuran
min dua kanthi rega pitung ewu rupiah.


